Forum Alumnittihad

Terimakasih atas kunjungan anda, mohon maaf blog ini masih belum sempurna karena masih dalam proses pengerjaan dan pengembangan. Salam silaturrohim by Alumnus 1992

Kamis, 18 April 2013

Ojo Podo Susah

Borobudur ono Jawa Tengah
Gunung Kelud ono Jawa Timur
Poro sedulur ojo podo susah
Meniko pantun kanggo menghibur
Menyang Jombang tuku sarung
Menyang Malang tuku klambi
Ojo bimbang lan ojo bingung
Sholat sembahyang ndang dilakoni
Menyang kutho budhale dewe
Ojo lali nggowo duite
Ono ndunyo iku ora suwe
Ojo ngasi ninggal sholate
Numpak cikar digeret sapi
Numpak dokar digeret jaran
Amal mungkar ojo dilakoni
Mergo mlanggar prentah Pengeran
Pitik cilik notholi sego
Manuk doro notholi gabah
Amal becik ayo ditindakno
Supoyo ora ono musibah
Kapur barus wangi gandane
Di usapno ono busono
Wong kang bagus akeh kancane
Wong kang olo akeh sing modo

Dikutip dari:
Buku “Kumpulan Syair dan Sholawat An Najach”, Li Abi Muhammad Abdul Mu’thi Muhdi, Juz 1, Halaman 49
Pondok Pesantren Putra Putri “An Najach”
Koripan, Dawung, Tegalrejo, Magelang, Jawa Tengah, 56192

Via :

0 komentar:

Posting Komentar